Minggu, 18 September 2022

Serat Darma Prasaja



Sekar Macapat Pangkur

 

Purwane hangrakit sastra

Awit ginugah krenteging ati

Tahun rongewu selikur

Muga dadi sarana

Aksara jawa anjayeng bawana gung

Saking klaten papan kula

Asma kawula riyadi

 

Rinengga lintang ing tawang

Ya ing tanggal enem sasine mei

Dina kemis tabuh telu

Lantaran sayembara

Lestarine aksara jawa kang luhur

Tata tembung lan aksara

Rinakit klawan tinulis

 

Keparenga kula nyerat

Amiwiti ngrakit sastra sinandi

Tinulis awujud kidung

Kang isine wejangan

Kinarya pepenget mring pribadi tuhu

Kabesut ing dedongengan

Mrih gampang den eling-eling

 

Nenggih purwaning carita

Aneng pertapan pancer jagad yekti

Hadeging wiku linangkung

Kang aran cahyaningrad

Darbe siswa cacah sekawan satuhu

Catur siswa beda warna

Watak lagean tan sami

 

Nenggih siswa kang sepisan

Narendra gung aneng negari bumi

Pranyata ratu linangkung

Aran prabu bantala

Nanging darbe watak males demen turu

Rina wengi nguja dahar

Nuruti karep pribadi

 

Kapindo prabu dahana

Narendra gung ing kraton praja geni

Kasektene kang linangkung

Uga mawa prebawa

Anjalari watak angkara satuhu

Wani nempuh sewu cara

Nggugu nepsune pribadi

 

Kaping telu prabu tirta

Kang ngratoni ing praja banyu kuning

Kasugihane linangkung

Pindha gunung kencana

Kang den udi gebyaring jagad  satuhu

Nguja suwarganing donya

Demen emas lan saresmi

 

Siswa kang kaping sekawan

Angratoni aneng negari angin

Prabu prabancana tuhu

Ingkang dadi aranya

Rina wengi tansah anggegulang kalbu

Sasat ngungkurke kadonyan

Lali mring darmaning urip

 

Aneng sawijining dina

Prabu dahana darbe sedya tan becik

Ngrakit barisan satuhu

Nedya ngelar jajahan

Pidak jempol klawan prabu tirta tuhu

Uga prabu bantala

Nglurug ing negari angin

 

Kagyat prabu prabancana

Mulat praja kang kinepung prajurit

Sigra maju aneng ngayun

Angrakit pabarisan

Nedya hangukuhi keraton satuhu

Merangi angkara murka

Kang nedya hangereh urip

 

Kocap ingkang kacarita

Para prajurit ing negari angin

Katah ingkang samya gugur

Jalaran kalah cacah

Ratu angin prabu prabancana tuhu

Kapentok ing pancabaya

Sumende jedaring pesthi

 

Mung bisa pasrah sumarah

Mring gusti kang murba garising urip

Wus iklas sajroning kalbu marang lakuning gesang

Nanging ana adiling gusti satuhu

Dumadakan ana daya

Ampuh sasat tanpa tanding

 

Manjing manunggal sajuga

Mring angga prabu prabancana yekti

Daya panguwasa agung

Prasasat tanpa timbang

Bisa nelukake barisaning mungsuh

Tumungkul ratu tetiga

Saguh den pidana pati

 

Rawuhnya sang cahyaningrad

Hanengahi kang mangsah yuda yekti

Duka marang siswa catur

Kang samya madeg ing prang

Sasat rebutan balung kang tanpa sungsum

Pra siswa sigra mertobat netepi darmaning urip

 

Mangkana prabu bantala

Ingkang darbe watak males sayekti

Katarima tobat ipun

Netepi laku darma

Watak males sigra rinuwat satuhu

Manjing dadi watak sabar

Kadi sang ibu pretiwi

 

Uga sang prabu dahana

Kang ngagungke watak angkara yekti

Geni angkarane lebur

Panase Dadya daya

Kang lumampah marang kautaman  tuhu

ana ing sadengah papan

anyurung gregeting urip

 

mangkana sang prabu tirta

kang kanggonan kasugihan linuwih

kang ngumbar hardaning napsu

marang gebyaring donya

linebur manjing dadya wataking banyu

tansah anyenyeger rasa

ing laku darmaning urip

 

anenggih sang prabancana

narendra gung saking negari angin

anggenya tansah amungkur

marang gebyaring jagad

den elingke marang sang guru linangkung

urip aneng alam donya

yekti wajib amakarti

 

mrih sampurna urip ira

hanulad a marang lakuning angin

saka papan kang duwur

nganti papan kang asor

den ambah lan rinengkuh dadi sedulur

tansah paring pitulungan

marang pepadaning urip

 

welinge ingkang pungkasan

sang wiku mring siswa catur yekti

ngelio ilining banyu

haywa kentir ing toya

murih piguna urip ira satuhu

sebab ing kasunyatan

jagad tansah owah gingsir

 

iku mau mung sanepa

gegambaran nepsune janma yekti

watak angin klawan banyu

bumi uga dahana

kang mestine di reh marang maha guru

yaiku sang nur muhamad

yekti panuntun sejati


Dening : Riyadi Setyawan S.Sn

 

Share:

0 komentar:

Posting Komentar